"PRAKATA REDAKSI"

Salam Alumnus,

Selamat Tahun Baru 2015

VIVA UNSOED





LELANANGANE JAWA By Agus Breng



Wong urip iku sakjanjane, iki menurut pak dosen “Unsoed” gumiyen sing mulang mata kuliah sosiologi, ujare manungsa kuwi “makhluk sosial” sing ora bisa urip dewekan amarga raket banget ketergantungane marang manungsa liyane. Lha terus apa sambungane yo karo judul nang duwur kuwi, sambungane yo karo cerita sing arep tak wenehke karo para sedulur, sing genah sih ora adoh-adoh karo pas isih urip nang kosan grendeng jaman biyen kepungkur.



Ora arep kelalen soko pikiranku bilih jaman sakmono bapak kos-kosanku “RAMANE” (Wis Almarhum)- tetenger sing diwenehake bocah kos kanggo panjenegane, ora ana udan ora ana angin, ujug ujug nimbali aku, “ana apa ya janjane?” pikirku sajak kaweden nggone arep nemoni…gek gek arep nagih duwit kos, diwaduli “MBOKE” kali ya… wah apes tenan…sak-elinganku duwit kos wis tak nggo nonton film nang “RAJAWALI” karo kaspoan..wha!!!!.

Mak jegagig sedulur durung menyat anggonggu mikir, RAMANE wis ana nang kamarku……dug dug dug……, “Assalamualaikum…..,” ujar RAMANE, “huit …tenan..ki” pikirku,..”Wa alaikum salam” aku nyahuti, ……terus panjenengane ngomong2 okeh……”Blaassssssss…” ora nyinggung masalah bayaran kos..” Alhamdulillah..tenan” pikirku……..lah dasar tenan ha ha ha …

Jebule apa sedulur sing diomongke marang aku, Almarhum Swargi yo “RAMANE” kuwi mau pingin wenehi kawruh lan wejangan sing apik tenan lan kanggo gawe nambahi semangat, mungkin deleng aku jaman samono lagi grendag grendeg ra’ semangat ya’e yo. Tenan..!!! sedulur wejangan apa pitutur kuwi ra’ bisa teka saka sapa baen jebule.

Mangkene sedulur wejangan sing ora bakalan tak lalekke, yo iku “Tumrap Piye Upakarane Nek Wong Lanang Kuwi Bisa Mukti Lan Mulya, Lan Apa Ukurane”, lah iki ra’ apik tenan….naliko iku aku terus kutuk banget anggonku ngrungoke.

Pitutur lan wejangane sing diwenehke kurang luwih yo koyo ngene :

“Ana limang perkara sing kudu bisa dilaksanake maring wong lanang, bilih angger lima perkara kue ko’ bisa njalakaken ko’ wis pasti dadi “lelanangane jawa” ditambahi rasa sukur rika’ karo sing maha dumadi yo kuwi Gusti Allah”, ujar RAMANE, ………..“dirungakna ya ….ngene!!!” ujare maning :

“ Wong Lanang Jawa kuwi kudu duweni kaluwihan Lima Perkara kaya kiye”…..

1. CURIGA/PUSAKA
Wong lanang jawa kuwi kudu duwe “CURIGA”, artine duweni pusaka yo gegaman sing jenengi “KERIS”, artine pusoko keris kuwi gambarke bilih angger wong lanang mesti kudu duwe dasar atau keahlian dinggo urip, ibarate jaman gumiyen kuwi keris iku senjata wong jaman biyen sing dienggo mempertahankan diri karo lawan-lawane,…mesti bae saiki mesti diibaratke nek keris kuwi yo kurang luwih : keahlian, kepinteran, lan keberanian kanggo ngadepi urip, yo termasuk cara-carane golek sandang pangan nggo nguripi brayate, ngelak ngeluk kayo keris ….lincah lan cerdas…..

2. TURONGGO/KUDA
Turonggo utowo jaran iki karepe yo “Tunggangan/ alat transportasi”, karepe nek lelanangane jowo angger ora duwe kendaraan, alat trasportasi lan alat komunikasi yo mesti wae gerak lakune mesti terbatas, ora ngerti ngendi-ngendi, ora bisa sewaktu-waktu siap melakukan aktivitas………. “KUPER” lan “KUATROK” dadiane, lha ra’ ngisin-ngisinke to …

3. KUKILO/BURUNG
Kukilo opo manuk ki maksude yo nek jaman biyen wong lanang jowo kuwi mesti ngingu “manuk kutut” sing artine yo duwe karemenan yo kesenengan, nek jaman saiki istilahe “HOBI”…bener lho sedulur angger wong lanang ora duwe hobi, piye to rasa suntuke nang ati,….hobi ki positif lho sedulur dudu sing negatip, contone bisa olah raga, olah vokal, nulis, nglukis lan sakpanunggale…..intine dudu sing maksiat…merga nek maksiat iki dudu hobi tapi laknat..wha!!!

4. GRIYO/RUMAH
Griyo yo omah kuwi padepokan atau panggonan dinggo tempat “domisili” utawa dienggo njalakna aktivitas, sing jelas artine wong lanang kuwi kudu jelas papan lan panggonane, netep gegayuhane, terus yo ben ..ra’ “kudanan”, isin to wong jowo kok turu nang “PERKO” ..Emper Toko…lha utawa turu nang "RUKO"...Rumah Koran....jijihi temen………..

5. WANITA
Lha iki sing pungkasan penting sedulur, ….ujare RAMANE angger sing patang perkara sing nang duwur kuwi wis diduweni, wong lanang jowo kuwi kudu duwe “GARWA” Sigaring Nyawa, dienggo kanca tumrap anggone urip bebrayan, kanggo konco ngangsu kawruh, nglipur ati, geguyonan, lan yo ndinggo neruske keturunan, ugo sing pasti ngindari maksiat koyo sing diamanatke para Nabi….. lan yo sing paling nyenengke maneh sedulur…iso dijaluki tulung “NGEROKI” lan “MIJETI”…halal maning…lan oleh pahala..suwer!!!!

Ngono para sedulur wejangane sing tak olehi soko Almarhum RAMANE, …mugo iso ono gunane kanggo kabehane, nek para sedulur ora cocok opo gumathuk…yo sepurane sing okeh, aja protes aku yo, merga aku yo mung ulih kok…….

Suwun.


Kanggo Sedulur “Wisma Caraka”:
MBOK MANISE, PAK GEDHENE, MBAKAYU WARSI, lan Warga Kos : AZIS; NUROHMAN; SUNARYADI; SATRIYO BRINTIK; MAGBUB; WAHYU DOYOK; WAWAN; EKO BRALING; AGUS STONE; GUNAWAN; SUPRI; HADI CILACAP, RATIH, ENIK, EKO KLATEN, UUT YOGJA….. lan Mbakayune Dekik.

Form Sumbangan Artikel, Konsultasi, Kritik & Saran Anda


Nama
Email
Judul
Artikel/Uraian
Image Verification
captcha
Masukkan Kode di Sebelah Ini:
[ Refresh Image ] [ What's This? ]