"PRAKATA REDAKSI"

Salam Alumnus,

Selamat Tahun Baru 2015

VIVA UNSOED





TATA CARANE NGE-PIT By Agus Brenk



Kanggo kanca-kanca sing demen nunggang piet atawa sepedaan, belih……… arep dinggo ngapa…bae lha belihhhh…. arep dinggo ngodhe nang kantor (Bike-To-Work) sing siki lagi ngetrend ya ngono……..; apa arep dienggo olahraga..apa baen ngono….lhah belih… , sing penting kiye inyong wenehi weruh baen tata cara uga upakarane, karebe ben para sedulur sing pada lagi nggowes ta rasane kepenak, sehat lan ora dadekna kapok…suwerrrrrr,

Perkara sing kudu digatekna, angger para sedulur arep miwiti nunggang piet, yo kurang luwih kaya kiye :

1. BAN
Kaping pisan sedulur lha kudu deleng disit, tekanan ban sepeda rika, lhah !!! angger kempis yo dipompa disit lhah.. marga piet ora bisa laju mbokan???, ..aja katosan ya sing sedeng baen mengko mundak mleduuk…

2. MILIH FRAME
Apa kue FRAME, ya basane awake dewek sih “dalangan”, angger piet siki lha ana werna loro, ya kui pertama tipe Hardtail (sing tanpa “per”, /shockbreaker atawa shockprame), loro tipe Fulsus/ Dirtjump (sing nganggo “per”), Kelorone tipe kue ana kepenake lan ora kepenake, sepisan angger Hardtail sing mesti sedulur rasakna pasti bisa ngebut amarga kosentrasi tenaga bisa pull…. merga ora mentul-mentul piet-e, ning ora kepenak nek dienggo nang gili-gili sing dalane rusak kaya nang Karangwangkal gumiyen kae. Angger Fulsus ya kepenak lah bisa mentul-mentul, ning yo kuwe angger nggo ngebut marga mentul-mentul tenagane rika bisa kekuras…

3. DUWURE SADEL
Sedulur kayane sih sepele, nanging duwure sedel kiye nentokake banget lho karo kekuatan fisik sedulur anggone gowes, nek kandane para ahli sih duwure sedel kue sing pas yo angger posisi pedal maring ngisor posisi sikil ki jejeg/lurus ora nekuk.
Sedulur ciri / tanda-tanda kependekan apa keduwuran kaya kiye, angger sak-uwise nggowes sikil rika sajak pegel maring “paha” berarti sedele kependeken, nanging angger pegel maring “betis” lha kuwe mesti keduwuren.

4. MINDAH GEAR
Teknik mindah gear kiye sajake gampang nanging ya ora gampang, ..marga angger ora pas bisa nguras tenaga lan ora stabil laju piet-e rika, ujare wong ahli maning iku angger rika duwe sikil sing kuat rika sih bisa baen ngangge gear buri sing cilik nang tanjakan, nanging sing sikile rika biasa-biasa bae ya kudu ngertilah…...ngangge gear buri sing gedhe angger maring tanjakan, metode sing kaping loro iki (gear gedhe) bisa ningkatake kerja jantung lan napase rika, kaya treadmill……nek basane mobil ya nganggo rpm duwur nanging gigi cilik (gear gedhe) ya dadi ngeden tok !!.. ora mlayu……….

Sing penting sedulur awake dewek iki kudu ngerti kapan sa’ate mindah gear aja nang gedhe terus, ya aja nang cilikan terus… deleng kondisi sedulur lan kemampuan tenagane…lha wong bensine sega karo tempe rajangan thok ndean……

5. NGEREM
Lha sedulur iki kerep kedadian lho… padha njungkel marga salah ngerem, ngene sedulur angger piet model lawas atawa gawean lokal tuas rem kiwa pasti rem mburi, tuas rem kanan pasti ngarep… ya kaya mio-lah apa sepeda motor matic liyane, ..nanging angger sing produk mbah-mbahe piet, ya kaya amrik, inggris apa cina, kewalikane dadi tuas kiwa mesti ngarep lan tuas tengen kue ban mburi.

Padahal sedulur sakjanjane sing bisa ngalonke laju piet ya roda ngarep, nanging angger ora bisa apa ora ngerti tehnike mesti wae jungkel… terus siki priwe lha supayane aman?, yang sing kepisan kudu ngerti kegunaane posisi tuas rem sepedane rika dewek-dewek, terus sing paling apik kudu dienggo barengan/ditarik bareng bae lhah…, tapi ya kuwe aja disentak mendadak … bisa oling….

6. HELEM
Helem atawa “adhah sirah”… kiye …gedhe buanget lho manfaate kanggo kemanan sedulur, uga decker sikut lan dengkul, dienggo jagani angger sedulur jungkel salah ngerem …apa pas meleng merga ana wong “huuuayu” liwat …ha ha ..ha…

7. KACA MATA
Ya ben ora kena bledhuk,…ndean, ben ora belekan!!!!, uga bisa nggo gaya… lan nglirik…a we we ..hu hui………

8. BANYU MINERAL
Sing aja kelalen sedulur kudu nggawa “ngombe” sing paling apik sih ya banyu mineral, banyu putih, ..lhah angger dudu banyu sing keputihan lha… ha.. ha .., banyu kiye manfaat gede banget lho ganti cairan awake rika sing entek marga dinggo gowes…

9. ASESORIS LIYANE,
Werna-werna, ya kurang liya ana backpack (Tas), speedometer, bell, ana lampu …mburi lan ngarep, eh sedulurr siki lampu, speedometer piet kuwe ora nganggo berko lan magnet maning sing diputer nang roda kaya sepeda jawa kae maning lho, nanging uwis ngganggo battery sedulur..ben ora ngurangi tenaga anggone nggowes lan ora kuatrokk.., yah…..kabehane ana gunane lan fungsine sedulur, ….. selain nggo gaya lhah………….

Lhah ………….wis kesel kiye inyong anggone ngetik sesuk maning, yo “DABLONGAN” maning tentang piet….OK sedulur muga ana gunane kangge kesehatan rika padha. Wass.

Kanggo Mbakyu Rambut “Shagy” karebe ora migrenan maning, lan sedulur liyane…………. hayuu ngepiet…..

Form Sumbangan Artikel, Konsultasi, Kritik & Saran Anda


Nama
Email
Judul
Artikel/Uraian
Image Verification
captcha
Masukkan Kode di Sebelah Ini:
[ Refresh Image ] [ What's This? ]