"PRAKATA REDAKSI"

Salam Alumnus,

Selamat Tahun Baru 2015

VIVA UNSOED





"Kaspo...Akal Bulus" By Agus Brenk

Sabtu sore iku Sudjak pamitan nang  bojone jarene jange  tuku rokok sedhiluk nang warung ngarep pasar. Mari  tuku rokok..eee  nang embong  Sudjak kepethuk Yayuk bekas ghendak'ane biyen.
Suenenge polll Sudjak kepethuk ghendakane.... Kangen temen ketokane, lha wong onok nek wis 5 tahun Sudjak gak tahu ketemu...."kesempatan iki rek..malem minggu pisan..." ngono pikire waktu iku.


Gak kroso enak-enak sir siran ngobrol ngalor ngidul dadakno  wis jam rolas bengi.
”Waduh blaen iki dik, isok mencak-mencak bojoku. Ndasku isok dipacul bojoku dik..." mari mikir-mikir dhiluk Sudjak nduwe akal.. "Aku njaluk wedhakmu
sithik dik ” ngono jare Sudjak nang Yayuk. "lho...gawe opo mas" jare Yayuk. " Wis talah..."
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
Bareng teko omah, temenan....bojone wis ngenteni nang ngarep lawang ”Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone
mulai mberik. ”He..dik kon iku laopo matamu mecicil..., aku mari tuku rokok mau nang embong kepethuk cewek ayu terus dijak sir siran sampek lali mulih” jare Sudjak.

”Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu
!!!” jare bojone Sudjak.
Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh. ”Kaspo thok . .!!! Mene
sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!”


Foot Note : disadur dari kumpulan humor
"Kaspo" dalam "kamus bahasa suroboyo" karangan Henri Nurcahyo berarti "Omong kosong/membual"


Form Sumbangan Artikel, Konsultasi, Kritik & Saran Anda


Nama
Email
Judul
Artikel/Uraian
Image Verification
captcha
Masukkan Kode di Sebelah Ini:
[ Refresh Image ] [ What's This? ]