"PRAKATA REDAKSI"

Salam Alumnus,

Selamat Tahun Baru 2015

VIVA UNSOED





"Umar Bin Abdul Azis" By Agus Brenk

Ge get...ge get…. ge get……… tenan inyong, ngarasakna kahanan lan polah tingkahe para punggawa negeri, ora jenenge lurah, ora jenenge camat, bupati, gubernur, lah apa maning sing jenenge DPR, ..wis apa baen sing jenenge punggawa.

kaya kiye sing lagi rame nang jawa timur…..ana pilkada, jenenge pilkada kue lah saranane wenehi weruh marang para abdi anggone nemtokake pilihane bilih mengko dene ki arep ngawula maring sapa?

sing jenenge pilkada yo padabaen karo milih wakil rakyat sing tembe burine angger kepilih bisa didadekna suri tuladan maring kawulane, wuri kawruh, wuri ilmu, wuri kamulyan, supayane pamengkon sing dipimpin bisa “gemah ripah loh jinawi, kawula makmur lan karta rahardja”.

nanging sih saiki kayane wis sejen,..sing jenenge pilkada wis akeh kepentingan sing nunggangi, ana kepentingan partai, ana kepentingan golongan, ana kepentingan materi, malah mung nggo kepentingan weteng….astagfirullah……..lan busung kae sakabehe mesti nggowo jeneng kawula..opo tumon.

logika baen sedulur lagi pilihan bae siki pada ribut lan rebut, durung para suportere  kuwi lho pendukunge, melu gawe rame-rame, sukur sukur ora ngrusak !! sing okih lha pada gawe rusak….terus kepriwe yo, ….sing jelas ora pada bisa misahna kepentingan dewek karo kepentingan kawula rakyat…

inyong dadi kemutan ceritane eyang jamane cilikan gumiyen nalikane arep turu diwenehi cerita, angger jaman gumiyen kue ana pemimpin sing bisa ngerti keperluan kawula lan bisa bedakna kepentingan “rakyat” karo kepentingan “brayat”….subhanallah…sing paling tak emut nang jerone cerita, sang punggawa mau wektu diparani anake bengi-bengi amarga kangen, pitakonane maring anake “ ko mengene keperluan keluarga apa negara?” ujare “ angger keperluan dewek ayo nang gubuke dewek bae aja nang kene amarga iki omahe negara, lan iki lampune aja nyala, amarga maring ngene kabehane dibiayai duwite kawula nak”.

Allahuakbar.. subhanallah, ..angger jaman siki ana kaya punggawa sing kaya kue, sederhana, nerima bae apa sing dadi hak-e, ora ditunggani kepentingan, politik apadene ugo kepentingan brayate dewek, marga pancen deweke ora nyalon, dadi dipilih mergo budi pekertine……………kapan yo cerita eyang buyutku biyen bisa dadi nyata maning,

…..duh Gusti Allah ..paringono kawula pemimpin ingkang kados “Umar Bin Abdul Azis” ingkang sageto bekto kawula dateng kahanan ingkang arrohman arrohim, kangge menuju sirrotolmustakim. ………….paringono kawula pemimpin ingkang saged bekto gampil langkah-langkah kawula dumateng tuntunan panjenengan.

Form Sumbangan Artikel, Konsultasi, Kritik & Saran Anda


Nama
Email
Judul
Artikel/Uraian
Image Verification
captcha
Masukkan Kode di Sebelah Ini:
[ Refresh Image ] [ What's This? ]