"PRAKATA REDAKSI"

Salam Alumnus,

Selamat Tahun Baru 2015

VIVA UNSOED





"SECENG SAJA" By Agus Breng

SECENG SAJA……………!!

Sak-umur-umure awake dewe sing wis tekan umur petangpuluhan iki wis mesti ngalami duweni penyakit sing sakdurunge diremehake, yo ono sing duweni masalah tensi, gula darah , kolesterol lan sakpanunggale lah penyakit petangpuluhan. Lha angger lagi ngalami penyakit kuwi para sedulur mesti langsung dolan nanggone dokter gage gage njaluk weruh penyakit lan obate ya to?

Wis lumrahe nang Dokter, angger nang Dokter resep standar sing mesti diwenehi dudu obate nanging saran lan pituture, dikongkon olah raga sing rutin !!! Opo tumon??.

Lha ngomong-ngomong masalah olah raga iki ana pengalaman menarik sing mugo bisa dadiyo pelajaran kanggo kanca-kanca, supoyo ati-ati ben uripe slamet, ayem tentrem lan kerto rahardjo ugo gemah ripah loh jinawi…..opo hubungane??

Mengkene sedulur… alkisah, sabubare oleh kawruh soko dokter mau roso kretege pingin olah raga supoyo sehat dadi tambah menggebu-gebu, aben esuk sakbubare sembahyang subuh..jegagig “Bedul” langsung nyenthelke sarung nang lawang terus ganti pakaian olah raga ugo training, yo terus jogging lah ngubengi kompleks mlayu-mlayu……asik golek keringet.

Pengalaman pertama sedulur, angger jogging kok pas nglewati panggonan sing ono wong wadonan lagi nang pojokan, pikire Bedul ngopo yo wong iki esuk-esuk kok wis dandan menor-menor, ngguya ngguyu, yo wis dijarno wae idep idep nggo sawangan lha wonge yo kebetulan manis, putih lan semlohai…hem hem (otak ngerese kumat!!).


Esuke maneh ….eh si menor kok yo isih nang kono, oh palingano arep nyetop taxi yake arep kerjo pikire Bedul, …eh ra ngiro, pas Bedul nglewati deweke..malah nyopo…”Oom sejuta aja oom…”, wah nggilani tenan iki, iseng Bedul jawab wae “ seceng aja”…. karo tetep jogging nglewati kompleks.

Eh esuke maneh……..isih ono kono maneh……koyo wingi maneh isih nyopo……”Oom sejuta aja oom…”, wah edan tenan, iseng Bedul tetep jawab wae “ seceng aja”…. karo tetep jogging …….

Lha ngono sedulur pirang-pirang esuk …ngono wae kedadiane, yo wis Bedul nganggep biasa, yo tetep jawab “seceng aja..!!!”

Sakwulan kemudian, embuh mergo pingin olah raga, opo embuh ngopolah… si bojone Bedul, esuk-esuk kok pingin melu “jogging” mlayu-mlayu nang kompleks.. yo wis ayolah pikire Bedul dadi duwe konco olah raga. Koyo biasane rute sing di tempuh podo koyo wingi-wingi, pas arep nglewati pojok sing biasa ono wong wadon kae atine Bedul rada deg-degan, “aja-aja wong wadonan ngomong koyo biasane wah bisa geger iki !!, wis tak antepi …wong ora ono dalan liyo, ……..” ujare Bedul.

Pas Bedul liwat ngarepe, ..eh tumben ora ngomong opo-opo alhamdulilah pikire, …nanging sepuluh langkah mlayu ambi bojone, …kok ujug-ujug wong wadon mau komentar…”LHA KALAU SECENG ….YA KAYA BEGITULAH!!!”….kaya disamber bledeg..”kurang ngajar tenan wong iki”…ujare Bedul, ..”tujokno bojoku ora paham sing diomongke wong wadon kuwi”….”slamet-slamet pikirku, suk maneh ra arep tak baleni”….lha rasakno Bedul…..wong edan, wong ora waras kok isih di guyoni to Bedul..Bedul…..kuwalat tenan…”duh gusti nyuwun ampun”.

Mengkono sedulur rasane ketiban sampur akibat “Kaspo”…. …..tujokno wong ora waras…… nggilani!!! ….Mangkel … tenan Bedul ....ampun …ampun….



Wass:
Cerita disadur dari rekayasa seorang teman

Form Sumbangan Artikel, Konsultasi, Kritik & Saran Anda


Nama
Email
Judul
Artikel/Uraian
Image Verification
captcha
Masukkan Kode di Sebelah Ini:
[ Refresh Image ] [ What's This? ]